Rabu, 22 Oktober 2014

JONGGRANG ZAMAN EDAN

Pancene wis teka waktune..
dipikir sampe kepikir...
bener jare tulisane pujangga kuna..
kang kecelukeramalan jaya baya..
kalimate aneh aneh ..nanging buktine nyata.
besuk yen tanah jawa wis kalungan wesi...
ana kreta tanpa jaran...
orahu ngamba ning awang awang...
kali ilang bendungane .
pasar ilang kumandange.......
ya ning kono..
bumi saya suwe saya mengkered..
tanah jawa diirat irat..
bumi sekilan dipajegi....

akeh wonk wadon nangrop tingal...
ora setia ning lakiii...
ana betik mangan manggar......
ayam angrem dipikul pikul kanggo dolanan..
akeh rajeg pada mangan tanduran..
ana maling jagong ning korsi goyang..
bli kari nganggo sepatu...
awake lemu..
dasie bli ucul ucul yangkol ning gulu...
modale mung tanda tangan mlulu...
sateruse jare ramalan mau..
kuen kang diarani jaman edan...
jare wonmk kang bli eling bli waspada...
sing bli ngedan bli keduman...
sabenere sing edan dudu jaman...
nanging kelakuane menusa...
akeh sing gawe salah.....
akeh sing ngumpuli dosa......
koruptor ya ning alas ya ning kantor...
masalah judi wis dianggep hobi.
mulane togel dibrantas angel,
kriminalitas bli tuntas tuntas...
perkosaan pembunuhan kanggo pegawean..
penyakit masyarakat bli pragat pragat......
ganjaran narkoba bocah lembut pada wani nyoba nyoba.
malah jareanake mang tarba.
kang pikirane durung amba ...
ikuh narkobas dianggep singakatan narik kolor bapa,............
kolor bapa ditarik arep sapa kang nglirik....

para PSK bli ning desa bli ning kota...
gawe repot polisi pamong praja....
pelecehan seksual dianggep halal.....
mulane sok ana bayi nembe lahir langsung ditinggal.......
gara gara rusak iman rusak moral...
bayi mau bisa disebut bayi ilegal.
pancen lagi usum hal hal kang ilegal.....
diantarane......
beras.
minyak goreng...
bensin.......
gula.....
kayu.....
sekabeh ilegal........
sampe tekaning kiriman TKI ning luar negri....dih tingeling
ya ilegal..........
kabeh warga negara pada dedonga.....
ning para calon pemim[pin kita.....
yen besuk nyekel negara .
kang bisa ngatur lan kang gede wibawa.......
wonk bener aja keblinger wonk salah kon gagian bener....
bagen akeh masih penjara lega......
aja pengen urip dipenjara......
apa maning urusan karo KPK.......
gawe repot ning keluargaaaaaaaaaaaaaaaaaaaa........... by Drs.H.Abdul Adjib (alm)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar